Cerpen Basa Jawa, Cerita Cekak (Cerkak) "Jarit Abang kang Temasang"
Wengi kuwi Anto lan Sarip arepe golek panganan
menyang gang ngarep kos-kosan nanging arepe metu kok aras-arasen. Sak meniko
wes keluwen pol Anto lan Sarip sidane metu golek panganan kuwi mau.
Ora kaya biasane, wengi iku kahanan wes sepi, kamangka
jam wolu wae urung genep. Warung langganane Sarip lan Anto sing biasane rame,
iki mau keri wong limo, kalebu Anto, Sarip lan bulik sing nduwe warung.
“Kok sepi to, Bulik?” pitakone Anto menyang Bulik Sus
karo nyendoki pecel sing keri separo ing piringe.
“Iyo, To. Pancene udan awet mau awan ora terang
terang. Podho cegeh icah-icih, paling,” jawabe Bulik Sus karo nata gorengan
neng meja sing di panggoni Anto lan Sarip.
“Mangkane dadi wong ojo panggah ngebo wae, ana udan
deres bledhek slamberan ora kenjek tangi,” Sarip nyaut sambi ngglethakake
sendok wesi ing piringe. Pecele wes entek. Banjur njupuk tempe goreng sing sik
tas ditata Bulik Sus. “Waduhh, panas panas.” Tangane beginjalan, tempene malah
mencolot neng piringe Anto.
Wong neng warung mau banjur ngguyu kabeh krungu
banyolane Sarip. Sarip mung iso ndhengkluk diguyu wong akeh lan dipenthelengi
marang Anto. Suara guyon ngebaki warung cilik ing pinggir dalan kuwi.
“Hahaha, pancene edan tenanan udane mau awan,
dibarengi angin pisan. Pelemku wae sampek bedrok kabeh,” dhawuhe Pak Danang
karo nggowo kopi panas banjur lingguh ing sandinge Anto.
“Udan barat
jarene wong biyen, Kang,” Pak Sigit nyauti dhawuhane Pak Danang.
Anto sing isih mbetheti lele ing piringe mung iso
meneng wae ngrungokake. Sarip yo anteng, ndhamoni tempe goreng sing mau
mencolot neng piringe Anto.
Klethek klethek...... banyu udan soyo gedhe nibani
gendheng asbes warunge Bulik Sus.
“Yuhhh, udan maneh.” Dheweke mlayu neng ngarep arepe
njupuk jarit sing dhek mau dipepe. “Lhoo, jaritku neng ndi?” dheweke
ngomel-ngomel.
“Iber kae lo Bulik,” Sarip metu saka warung. Dheweke
krasa kadhemen. Angin kang banter krasa kaya mbengoki dheweke sing lagi ngadheg
ing tengah lawang.
Bulik Sus isih ngomel wae karo mlaku mbalik. Kadang
dheweke noleh jarit Parang Rusak sing temasang ing wit ringin ing sanding
warunge. Dijongkongake Sarip ben mlebu neng njero warunge banjur dheweke mlebu
lan nutup lawang.
“Ana apa to, Sus?” Pak Danang takon.
“Jaritku paaa.......”
Glethek bressss bresss krompyengggg .............
Suara-suara neng njobo tan saya rame. Semono uga
karo kahanan neng njero warunge Bulik Sus. Pak Danang, Pak Sigit, Anto lan
Sarip kebingungan piye carane metu saka warung. Bulik Sus milih ndelik ing
poncotan. Akhire Pak Sigit karo Anto ndobrak lawang blabak sampe engsele tugel.
Sarip kesusu metu di susul Pak Danang, Pak Sigit banjur Anto.
Sarip gemeter tekan njobo.
“Rip.........” Anto mlayu nyusul Sarip banjur
dijongkongake kancane sing cungkring mau sampe mencolot mbuh parane. Dheweke
wes raiso mlayu goleki Sarip. Sikile ketindihan kayu ringin.
****
Puskesmas rame ndadhak. Wong podho nonton wong sing
ketiban kayu ringin. Semono uga Sarip. Dheweke isih bingung karo kadadean dhek
bengi. Tanpa ngganceng dibengoki wong-wong, dheweke nerobos mlebu ruangan
kanggo nggoleki kanca sak kamare, Anto.
Tekan njero, dheweke ora nemoni Anto, malah nemoni
Pak Sigit sing lagi dijaluki katrangan dening polisi. Bulik Sus sing isih sare
dikemuli jarit Parang rusak abang ati sing temasang mau bengi. Pak Danang uga
ora ono ing ruangan.
“Mbak, Anto ruangane neng ndi? Bocahe gempal,
dhuwure sak aku.” Takone Sarip neng Mbak Perawat.
“Owalah, bocah kuwi ana ing UGD.”
“Neng UGD, mbak?”
“Nggih, tapi bocahe wes sadar kok, ngko baru dipindah
neng ruangan biasa.” Mbak Perawat mau banjur ngalih.
Sarip nyethuki
Pak Sigit. Lan takon-takon, kepo-kepoan bab kadadean dhek bengi.
Jebulane Anto sikile ketiban wit ringin nganti semaput. Semono uga Pak Danang,
dheweke kegepluk ing sirahe nganti benyut lan kudu enthuk perawatan khusus. Pak
Sigit ora ketiban amarga dadhak goleki Bulik Sus sing jebulane keguyang banyu
panas amarga panik pengen cepet-cepet metu saka warung.
Warunge Bulik Sus uga suloyo. Renyek separo. Mung
siji barang sing iso dislametake, jarit Parang Rusak sing saiki ngemuli Bulik
Sus.
0 comments